Wb/jv/PustakaWiki:Prakawis PustakaWiki

< Wb‎ | jv
Wb > jv > PustakaWiki:Prakawis PustakaWiki

Wikibooks utawa PustakaWiki iku sawijining proyèk kang digawé bareng-bareng kanggo nulis buku-buku teks lan buku-buku non-fiksi (dudu crita rekan) seka sadéngah perkara. Kolèksi seka buku utawa teks isi bebas ing Wikibooks iki dinulis dening para pangriptané sing nyumbang kanthi suka rila lan legawa. Pustaka wiki iku proyèk wiki, kang artiné kabèh wong bisa nyunting modhul PustakaWiki apa waé kanthi milih sunting kang ana ing saben modhul PustakaWiki. Proyèk PustakaWiki basa Jawa iki wiwit digarap 21 September 2006, lan wis nduwé 152.737 modhul buku.

Kanggo gawé akun, coba priksani kaca log mlebu.

Kabèh isi PustakaWiki iki ing ngisoré lisensi dokumentasi bebas GNU. Mula saka kuwi, kabèh informasi kang ana ing Pustaka wiki bisa bébas disebar lan disalin.