Wb/jv/PustakaWiki:Hak Cipta

< Wb‎ | jv
Wb > jv > PustakaWiki:Hak Cipta


Copyright © 2003 – 2024. Kaca iki dijupuk seka Wikibooks Inggris]. Panjenengan bisa mriksani sapa waé kang mèlu pirumbugan iku ing situs asliné. Kabèh wong kang mèlu nyengkuyung Wikibooks dadi duwèké sing ngajoaké kejaba yen ana cathetan (upamané: sing ngajoaké/nulis mbok menawa nèmpèlaké tulisan sing dadi public domain utawa tulisan liyané sing diwènèhi ijin disalin, diowahi, lan kabiwaraaké ing ngisoré paugeran hak cipta kang padha karo ing kéné). Kabèh isi ing kéné bisa kababar ing paugeran kaya kang kasebut ing ngisor iki yèn ora ana tandha utawa pitudhuh liyané (upamané: tulisan sing nganggo kutipan langsung).

Ijin kaanugrahaké kanggo nyalin, nyebar lan/utawa ngowahi isi dokumèn ing paugeran Ijin Dokumentasi Bébas GNU, Versi 1.2 utawa versi sabanjur´´kang kababar dening Free Software Foundation; kanthi tanpa diowahi, tanpa Tulisan Sampul Ngarep, tanpa Tulisan Sampul Buri. Sawijining salinan perijinan iki dijupuk seka perangan ing "GNU Free Documentation License".

Kanthi nge-klik "Save page" (nyimpen kaca), panjenengan wis dianggep mènèhi ijin marang Yayasan Wikimedia kanthi adhedhasar kaya kang kapacak ing aksara kandel ing ndhuwur. Yèn panjenengan ora sarujuk, aja mènèhi pakaryan panjenengan ing situs iki.

Publikasi dening pihak liya edit

Panjenengan bisa nggunaaké irah-irahan (judhul) kaya sing kapacak ing PustakaWiki iki lan/utawa modhul-é nanging paugeran merekdhagang (trademark) njaga panjenengan supaya ora nganggo jeneng Wikibooks utawa Wikipedia tanpa ijin seka Yayasan Wikimedia.Nanging ora banjur terus panjenengan ora ngleboaké PustakaWiki utawa Wikimedia ing pakaryan mau, kanthi adhedhasar aprésiasi, Yayasan Wikimedia ngrenggani marang pencantuman asal-usulé penganggit (perkara iki kapisah seka penganggit/pengarang; delengen ing ngisor). Ing urusan paugeran, perkara iki kanggo njaga panjenengan supaya ora nge-hak-i apa kang wis ditulis ing kéné.


Dienggo ing internet edit

Katrangan khusus bisa kawaca ing: GNU Free Documentation License

  1. Nyebutaké yèn PustakaWiki/Wikibooks dadi sumberé (ora kudu, nanging luwih becik mangkono).
  2. Nyediaaké pranala nuju buku PustakaWiki/Wikibooks utawa modul Wikibooks (iki kanggo ngregani panganggit/pengarang tumrap perijinané)
  3. Dinyataaké yen naskah kuwi ing ngisor paugeran GNU Free Documentation License.
  4. Ana pranala menyang salinan perijinan GNU FDL (beciké disimpen ing server' panjenengan dhéwé).
  5. Gagrag (versi) teks-é kudu ing mesin sing bisa diwaca (iku artiné panjenengan ora bisa ngalangi wong liya nyalin teks kasebut).

Dicithak edit

Katrangan khusus bisa kawaca ing: GNU Free Documentation License

  1. Nyebutaké yèn PustakaWiki/Wikibooks dadi sumberé (ora kudu, nanging luwih becik mangkono).
  2. Mènèhi kredit (panyebutan) kanggo paling sithik 5 pengarang/penganggit kang kapacak ing kaca "Pengarang" ing buku apa waé sing dicithak/sebarké (menawa kurang seka 5 wong, kudu disebut kabèh).
  3. Dinyataaké yen naskah kuwi ing ngisor paugeran GNU Free Documentation License ing paling sithik sa-kaca ing buku kuwi kanthi wara-wara sing dicithak kandel ing ndhuwur.
  4. salinan lengkap perijinané perlu dileboaké ing buku sing dicithak.
  5. Kapan wa´´utawa yèn luwih seka 100 eksemplar (copy) digawé, panjenengan kudu milih salah siji:
    1. Nyediyaaké diskèt (floppy disk), CD, DVD utawa medhia komputer kang ana isiné buku ing mesin sing bisa kanggo maca teks/tulisan.
    2. Nyediyaaké pranala jaringan nuju sawijining situs kang ngandhut mesin kang bisa kangggo maca tulisan lan keranggèh (pranala iki kudu aktif paling ora setahun sawisé publikasi seka cithakan (hardcopy) mau; yèn sing dicithak mau persis tanpa owah-owahan kaya ing Wikibooks, panjenengan bisa nggunaaké URL kang ngubungaaké karo kaca buku ing Wikibooks).

Nerak Paugeran Hak Cipta edit

Yèn panjenengan sing nduwé hak marang isi digunaaké ing Wikibooks tanpa palilah panjenengan, sumangga ngubungi Agen sing kapilih supaya bisa dibusak permanèn (panjenengan pancèn bisa ngosongké kaca nanging tulisan kuwi bakal tetep ana ing cathetan sejarah kaca). Panjenengan uga bisa ndèlèhaké irah-irahan (judhul) modhul ing kaca Wikibooks:Pilihan kanggo dibusak. Kita bakal,tentuné, mbutuhaké bukti-bukti kang ndhukung pratélan panjenengan.

Yèn panjenengan cubriya menawa ana saperangan isi ing modhul nudhuhaké nerak paugeran hak cipta, panjenengan bisa ngganti tulisan nganggo tandha Wikibooks:Boilerplate text.

Bisa uga panjenengan nganggo cithakan (template) kaya kang kapacak iki:

{{copyvio|<tambahi URL situs kang nerak paugeran hak cipta>}}

Kode kuwi bakal ndadèaké kaya mangkéné:

KATONé NERAK HAK CIPTA

 

Isi kaca iki katoné nerak Hak Cipta seka tulisan ing sumber ngisor iki:

<URL situs kang nerak paugeran hak cipta>

Macak material sing ana hak ciptané lan tanpa nduwèni palilah seka sing nduwé bisa nerak paugeran lang nglanggar paugeran. Sapa waé sing nyoba mbalèni macak material iki bisa diblokir sawetara seka nyunting naskah.

Kanggo sig masang:

  • Yen ana palilah kanggo nggunaaké material iki ing ngisoré ijin utawa yèn panjenengan sing nduwèni hak ciptané, sumangga ngrembug ing kaca dhiskusi iki.
  • Yèn ora ana palilah nggunaaké material iki, sumangga dibusak waé kaca iki. Pambusakan bakal kaleksanan udakara seminggu seka kapacaké cithakan (template) iki ing kaca iki. Sepisan kaca iki dibusak, aja masang manèh material sing wis ana sadurungé. Wikimedia isih bisa nampa kontribusi panjenengan sing orisinal.

Kanggo tambahan, template iki bakal otomatis nambahaké kaca iki ing Category:Nerak Hak Cipta sing bakal dipriksa dening pengurus Wikibooks.

Fair Use Material edit

Ing kahanan tartamtu panjenengan bisa waé mrangguli material Wikibooks sing tinambahan ing Wikibooks:Fair Use Policy. Material mung bisa digunaaké kanthi bébas ing mèh kabèh sadonya, nanging beciké panjenengan konsultasi marang ahli hukum kanggo mesthèaké, apa manèh yèn arep disebar kanggo wong akèh. Material iki kudu diwènèhi tandha yèn nerangake menawa kuwi mlebu ing fair use material.