Wb/jv/PustakaWiki:Cara Nyunting

< Wb‎ | jv
Wb > jv > PustakaWiki:Cara Nyunting

Yèn dideleng saka perangkat lunak utawa software-é, nyunting PustakaWiki iki kaya nyunting Wikipédia. Pranala (link) kasambung nganggo [[Kaca|pranala]]. Panjenengan uga bisa nggunaaké tag HTML kanggo endahing wanda.

  • Yèn artikel wis ana sing nulis, pranala daftar isi bakal katon kanthi aksara warna biru. Sumangga maos artikel iku, utawa yèn ana krenteg gawé reja isiné bisa mélu cawé-cawé nambahi.
  • Yèn artikel isih kosong utawa durung ana, pranala ing daftar isi bakal katon aksara nganggo warna abang. Cukup nge-klik pranala mau lan panjenengan bakal mlebu ing kaca énggal sing isih kosong lan sumangga ngisi kanthi rena ing penggalih.


Nanging kaya déné buku, PustakaWiki nganggo sistem sing kapérang dadi Bab, Subbab, lan Artikel. Coba panjenengan pirsani katrangan ing ngisor iki.

  • Gawé pranala kaca manut urut-urutan naskah ing daftar isi. [[Judhul Buku/Judhul Bab/Judhul Subbab/Judhul Artikel]]. Gampangé rembug, panjenengan cukup nganggo garis miring kanggo gawé pranala kang luwih ngisor trap-trapané
  • Aja lali nulis judhul sing bakal katon kanggo sing maos. Upamané Buku Gawe PustakaWiki bab Suntingan kanthi judhul Nyunting Artikel katulis [[Gawé PustakaWiki/Suntingan|Nyunting Artikel]]