Wb/jv/Pengantin Jawa/Atur pambagya srah tinampèn

< Wb‎ | jv‎ | Pengantin Jawa
Wb > jv > Pengantin Jawa > Atur pambagya srah tinampèn

Atur pambagya harja sarah tinampèn kuwi basa sing dianggo ing adicara Pengantin Jawa ana ing acara srah tinampèn lamaran.

Tuladha atur pambagya pasrah lamaran edit

Assalamualaikum warahmatullahi wabarakatuh, Para pepundhèn, parapinisepuh para sesepuh ingkang pantes pinundhi, para kadang duta saraya saking calon saha badhe/calon kadang besan minangka cundhaka ingkang pantes kinurmatan, para lenggah kakung putri ingkang satuhu bahya mulya.

Keparenga kula mambeng saha nggempil kamardikan panjenengan sadaya karana kula piniji panjenenganipun Bp...... sekalihan, kinen ngaturaken pambagyaharja, raos suka ebahing manah bingah saha lekasing sedya ing kalenggahan punika.

Pinangka purwakaning atur sumangga nun tansah kula dherekaken ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti ingkang Maha Agung, karana sih wilasa miwah barokah ingkang rumentah dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga ing kalenggahan punika maksih saged kempal manunggal kanthi pinayungan karaharjan tebih ing sambekala.

Para lenggah ingkang sinuba ing pakurmatan, madyaning pepanggihan punika, Bp...... sekalihan lumuntur kula hangambali atur, sugeng rawuh awit karawuhanipun para pepundhen miwah para pinisepuh langkung-langkung para kadang duta saraya tresna, sinarengan raos panuwun ingkang tanpa pepindhan mugi keparenga panjenenganipun para lenggah kasuwun lellenggahan kanthi mardu mardikaning panggalih.

Para tamu miwah para lenggah ingkang winantu ing suka basuki, lekas wekasing sedya wigatosing gati, keparenga kula aturaken nadyan panjenengan sadaya hambok bilih sampun ngawuningani gatining sedya ing kalenggahan punika. Nun inggih ing nguni Panjenenganipun Bp....... sekalihan garwa sampun nggumolongaken pirembagan kalihan panjenenganipun Bp....... sekalian karana ing pangajab sami-sami netepi darmaning asepuh nedya ngraketaken balung apisah daging arenggang, ingkang antawisipun Bp...... seklian garwa kagungan putra ingkang kekasih Bg..... panjenenganipun Bp...... sekalihan anggadhahi siwi putri taruni kanthi asesilih Rr...... manunggaling sedya ingkang sampun jumbuh handhaupaken ingkang putra calon penganten setataning agami miwah setataning adhat. Inggih awit saking samudayanipun sampun manunggil cipta rasa miwah karsanipun ing kalenggahan punika badhe kaleksanaaken tata upacara pasrah panampining upakarti winastan lamaran saha walimahan.

Mugi-mugi wekasing sedya saged kasembadan ingkang sami ginayuh, panyuwunipun Bp...... sekalihan mugi wontena jumurunging pamuji hastuti saking para lenggah sedaya hanggenya Bp...... sekalihan badhe nampi pasrahipun calon kadang besan tansah manggih basuki ing salwiring reh.

Hambok bilih Bp..... sekalihan sumarambah para kulawangsa anggenipun nampi karawuhan penjenengan sadayakiranging tanggap tangguh miwah gupuh labet hanglenggana budi dayaning manungsa kirang sampurna, awit saking punika Bp...... sekalihan namung tansah tumadhah lubering pangaksama.

Ing wasana pantok pepuntoning aturipun Bp..... sekalihan lumantar kula, hambok bilih wonten atur kula ingkang mboten mranani dhiri saha mboten hanuju prana labet kiranging seserepan kula ing reh subasita, basa tuwin sastra, mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya, wekdal kula aturaken kadang panata cara.


Assalamualaikum.Wr.Wb

Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang pantes pinundhi, panjenenganipun purna karya labet praja, para santana warga saking BpMaridi sekalihan garwa ingkang pantes kinurmatan, para kadang wredha muda ingkang bagya mulya.

Amit pasang paliman tabik, ila-ila dina sinabetna ing ila duni tinebihna tulak sarik dhumawahing tawang towang, mugi linepata saking siku dhendhaning Gusti ingkang Maha Kawasa, kalilanana kula matur kanthi ngadeg wonten ngarsa panjenengan sadaya saperlu nggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan, karana ing kalenggahan punika kula piniji ngembani wuwus dados duta saraya miwah cundhaka sulih saliranipun

BpMaridi sekalian.

Tinarbuka keparenga langkung rumiyin kula ngaturaken puji syukur wonten ngarsa dalem Gusti ingkang Maya Agung, awit saking barokah saha rohmatipun ingkang tansah kaparingaken dhumateng panjenengan sadaya dalasan kula, saengga maksih pinarengaken kempal manunggal kanthi karaharjan tebih ing sambekala. Sinawung raos suka ing ngajeng, keparenga kula ngaturaken wosing gati menggah pisowan kula sakadang.

Nun inggih maligi katur wonten ngarsanipun BpMaridi sekalihan garwa kula pinangka sulih saliranipun BpTukino sekalihan ngaturaken salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan sumarambah para kulawarga samudayanipun. Wondene wigatosing gati pisowan kula sakadang saperlu ngaturaken wudharing gatha babaring sedya. Nun inggih ing nguni BpMaridi sekalihan garwa sami-sami hanggadhahi pirembagan ingkang ing antawisipun BpMaridi sekalihan hanggadhahi putra jalu kekasih pun BgArdianto wondene BpTukino sekalihan garwa hanggadhahi kenya taruni sesilih RrLilis Astuti gumolonging pirembagan nedya hangraketaken balung apisah daging arenggang bebasan ngebun-ebun ajejawah sonten ndhodhog latar ndhodhok lawang sumedya nginang jambe suruhe, kanthi atur makaten karana sampun jumbuh anggenipun pepetangan, saha sampun manunggal cipta, rasa miwah karsa, agenging manah ingkang tanpa pepindhan BpMaridi sekalihan anggennya sampun katampi panglamaripun pramila ing kalenggahan punika BpTukino sekalian ngaturaken sarana miwah upakarti pinangka jangkeping tata cara salaki rabi.

Nun inggih perlu kula aturaken mriki ingkang badhe kaaturaken wonten ngarsanipun bpMaridi sekalihan garwa.

Sanggan saha majemuk ingkang sampun wonten wujudipun kanthi pangajabing sedya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwah raketing kekadangan satemah mboten saget pisah salami-laminipun.

Kasoking katresnanipun BpMaridi sekalihan dhumateng BpTukino sekalihan garwa ing mriki badhe ngaturaken malih ageman ingkang awujud ing pangajab pinangka badhe/calon penganten putri.

Mboten kekilapan BpMaridi sekalihan ngaturaken redana wujuding arta kenginga damel ngentheng-enthengi anggenipun BpTukino sekalihan garwa netepi darmaning sepuh miwaha siwi mahargya suta. Amung panyuwunipun bpMaridi sekalihan, mugi keparenga calon penganten kadhaupna saha kapanggihna miturut satataning agami miwah adat ingkang sampun lumampah ing tlatah mriki. Hambok bilih BpMaridi sekalihan anggenipun ngaturaken sarana wonten kekiranganipun labet budi dayaning manungsa kirang sampurna, mila awit saking punika BpTukino sekalihan garwa mugi hangadhapna samodra pangaksama ingkang agung.

Pepuntoning atur kula minangka sulih salira saking BpTukino sekalihan menawi wonten gonyak-ganyuk wicara kiranging suba sita ingkang singlaring reh tata krama miwah kasusilan, mugi diagung pangaksama panjenengan sadaya. Ing wasana, Wabillahi taufiq wal hidayah.

Wassallammualaikum.Wr.Wb

Wacan edit

Pranala jaba edit