Wb/jv/Kawruh dhasar basa Walanda

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Kawruh dhasar basa Walanda

Isi

Atur Pambuka edit

Basa Walanda iku klebu basa sing nduwé pengaruh gedhé marang Basa Jawa, nganti tekan saiki. Basa iki teka ing Tanah Jawa mawa wahana dagang lan kolonialisme. Yèn ditilik saka pengaruhé, basa Walanda iku ana ing tingkat kapindho sawisé basa Sangskreta. Nanging béda karo basa Sangskreta lan basa Arab, pengaruh basa Walanda ora ana sing tekan ing kosakata dhasar. Nanging pengaruhé ing Hukum Negara Indonesia gedhé banget: Hukum Negara Indonesia iku adhedhasar Hukum Romawi Walanda.

Buku iki kagawé kanggo para sutresna sing péngin sinau basa Walanda dhasar lan kersa tindhak ing negara Walanda utawa celathu sithik-sithik karo para wisatawan Walanda ing Tanah Jawa.