Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Wanda rangkep

Ing basa Jawa, ana tembung-tembung sing digawé kanthi ngrangkep wanda ing tembung lingga. Panjenengan bisa mirsani ana ing tembung besisik, rereged, utawa lelakon. Ana 2 (rong) werna tembung kanthi wanda rangkep iki, yaiku dwipurwa lan dwiwasana.

Dwipurwa edit

Dwipurwa iku tembung sing digawé seka tembung lingga kanthi ngrangkep wanda ngarep. Upamané:

  • rega - reregan.
  • léwa - leléwa.
  • luhur - leluhur.

Dwiwasana edit

Wasana iku pungkasan, dadi dwilingga dwiwasana iku tembung lingga kang dibalèni manèh tembungé kanthi dibalèni pungkasan tembungé. Upamané:

  • busik - besisik.
  • bunyik - bunyinyik.
  • cengès - cengèngès.