Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Ngrakit tembung andhahan/Ater-ater n

Ater-ater n digunaaké kanggo sawijining tembung kang nunjukaké subjèk dadi aktif utawa tumindak.

Ana paugeran gumathok kanggo ngrakit n kagandhèng klawan tembung sing kapatrap. Ing aksara-aksara tinamtu ana owah-owahan.

  • n kagandhèng tembung kanthi aksara awal t. Aksara t dadi ilang. upamané,
    • n + tinggal = ninggal.
    • n + tangis = nangis.
    • n + tiru = niru.