Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa kanthi tembung kang premana/Wilangan sapérangan

  • Banyu satètès
  • Bawang sasiyung
  • Beras saelas
  • Bolah saukel
  • Bongko sawungkus
  • Cangkir sagagrag
  • Daging sairis
  • Dara sajodho
  • Duk sakakap
  • Gambir sakerek
  • Gamelan sarancag
  • Gedhang sauler, salirang, satundhun
  • Godhong sapapah
  • Gula satangkep
  • Iwak sakepis
  • Jaé sarempang
  • Jagung saontong
  • Jaran sarakit
  • Jarit salembar
  • Jeruk seajar
  • Kembang segagang
  • Kencur sagrigih
  • Kertas salembar
  • Klèngkèng saombyok
  • Krambil sajanjang
  • Lawé sagemuh
  • Lenga sagendul
  • Omah sawuwung
  • Panah salakon
  • Pari sawuli
  • Peté sabengkak, samata
  • Pring saeros, salonjor
  • Rokok saeler, sabungkus
  • Sandhal sapasang
  • Sandhangan sapengadeg
  • Saté sasunduk
  • Sawah sakedhok
  • Sega sapulukan
  • Semangka salining
  • Suruh sacandhik
  • Suweng sasele
  • Tebu salonjor, sauyun
  • Téla saténggok
  • Tembako satampang, sajamang
  • Uyah sawuku
  • Wedang sagelas