Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa kanthi tembung kang premana/Arané sadulur
- Sedulur : tunggal bapak ibu
- Misanan : sedulur tunggal embah, nakdulur
- Mindhoan : sedulur tunggal buyut
- Keponakan : anaké sedulur
- Putu : anaké anak
- Putu keponakan : anaké keponakan
- Paklik/Bulik : adhiné bapak ibu
- Pakdhé/Budhé (uwa) : kakang/mbakyuné bapak utawa ibu
- Anak mantu : bojoné anak
- Putu mantu : bojoné putu
- Maratuwa : wong tuwané bojo
- Bésan : wong tuwané mantu
- Ipé : seduluré bojo
- Pripéan : ipéné sedulur
- Sedulur kuwalon : tunggal bapak séjé ibu utawa tunggal ibu séjé bapak
- Bapak kuwalon : bapak sambungan
- Anak angkat : bocah sing diakoni anak
- Sedulur asu : sedulur tunggal ibu séjé bapak
- Tunggal banyu : sedulur tunggal guru
- Tunggal welat : sedulur tunggal bapak ibu
- Pembarep
- Penggulu
- Pandhadha
- Sumendhi
- Wuragil