Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa kanthi tembung kang premana/Arané rasa

  1. Anta : rasané banyu tawa
  2. Asin : rasané uyah
  3. Getar : rasané lenga goreng ala
  4. Getir : rasané peté, jengkol lsp.
  5. Gurih : rasané mété, kemiri, lsp.
  6. Kecut : rasané pelem, asem, lsp.
  7. Kumetep : rasané lombok jemprit
  8. Legi : rasané gula
  9. Pait : rasané jamu, bako, lsp.
  10. Pedhes : rasané lombok
  11. Seger : rasané banyu krambil
  12. Sepet : rasané salak