Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa kanthi tembung kang premana/Arané manungsa

  • Jaka : bocah lanang sing wis diwasa durung rabi
  • Jaka jebug : jaka sing wis tuwa
  • Dudha : wong lanang sing wis ora duwe bojo
  • Dhudha kembang : dhudha sing isih enom durung duwe anak
  • Dhudha kawuk : dhudha sing wis tuwa
  • Dhudha bangsong : dhudha mlarat sing sugih anak
  • Dhudha kalung : dhudha sing duwe anak wadon bisa ngopeni
  • Kaki : wong lanang sing wis tuwa banget
  • Kyai : wong lanang sing diajeni
  • Prawan : bocah wadon sing wis diwasa durung rabi
  • Prawan sunthi : prawan cilik (prawan kencur)
  • Prawan gendhor : prawan kasep
  • Randha : wong wadon sing wis ora duwe bojo
  • Randha tanggung : randha sing isih enom
  • Randha kembang, Wulanjar : randha enom sing durung duwe anak
  • Randha kisi : randha sing duwe anak lanang
  • Randha kasihan : randha mlarat anake akeh
  • Randha keringan : randha sing sugih
  • Randha menter : randha sing panggonane sarwa apik
  • Nini : wong wadon sing wis tuwa banget
  • Nyai, nyi : wong wadon sing diajeni