Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa kanthi tembung kang premana/Arané gawéyan

'Arané gawéyan

  • Algojo: tukang midana pati
  • Babu: réwangé balé somah
  • Bajag: wong sing gawéyané mbégal ing segara
  • Bakul: wong sing gawéyané dodolan
  • Batur: wong sing gawéyané ngrwong sing gawéyané wangi wong
  • Begal: wong sing gawéyané ngrebut barangv wong
  • Bendung: wong sing gawéyané mbendung banyu
  • Blandhong: tukang negor kayu
  • Blantik: bakul kéwan rajakaya
  • Buruh: wong sing nyambut gawé kasar
  • Cantrik: abdiné pandhita ngiras dadi muridé
  • Carik: juru tulis ing kalurahan
  • Dhalang: wong sing gawéyané nglakokaké lan crita wayang
  • Dhokter:Tukang nambani wong lara
  • Emban: tukang momong bocah
  • Empu: tukang gawé keris
  • Gamel: tukang ngopeni jaran
  • Gandhek: utusan ratu
  • Gemblak:Tukang gawé barang-barang saka kuningan
  • Gerji: tukang dondom klambi
  • Germa: tukang buru kéwan ing alas
  • Guru: wong sing gawéné mulang
  • Jagal: tukang mbeleh rajakaya
  • Jlagra: tukang natah watu
  • Juragan: sudagar, lurahé pakaryan
  • Juru basa: tukang negesi basa manca
  • Juru dang: tukang dang
  • Juru kunci: tukang ngrumat pasareyan utawa kramat
  • Juru tambang: tukang prau utawa gethek ing kali
  • Juru silem: wong sing gawéyané nyilem
  • Juru sungging: wong sing pinter nyungging (nggambar)
  • Juru terbang: wong sing gawéyané nglakokaké montor mabur
  • Juru tulis: wong sing gawéyané nulis
  • Kemasan:tukang gawé dandanan saka emas
  • Koki: tukang olah-olah
  • kondhektur:tukang nariki lan mriksa karcis
  • Kundhi: tukang gawé grabah
  • Kusir: tukang nglakokaké dhokar utawa kréta
  • Kyai: wong sing pinter agama Islam
  • Madhaharan: juru olah-olah
  • Malang:pulisi désa
  • Mandhor:tukang ngawasi buruh
  • Masinis:tukang nglakokaké sepur
  • Merbot: punggawa mesjid
  • Molang: bakul rajakaya
  • Montir: tukang ndandani mesin
  • Mranggi: tukang gawé wrangka
  • Niyaga, wiyaga: tukang nabuh gamelan
  • Pakathik: tukang nuntun jaran
  • Pacalang: prajurit sing gawéyané ngulataké lakuné musuh
  • Palara-lara: para nyai cilik
  • Palayangan: tukang ngeterké layang
  • Pandhé: tukang gawé barang-barang saka wesi
  • Panegar: tukang ngajari jaran
  • Panjak:tukang ngladèni pandhé utawa niyaga
  • Pangobèng: wong buruh mbathik
  • Para: bakul mas inten
  • Parekan: para nyai sing ketengen
  • Pasindhèn: wong sing nyindhèni gamelan
  • Pawongan: batur wadon
  • Prajurit: wong sing gawéyané béla negara
  • Pramugari: tukang ngladèni penumpang pesawat
  • Pujangga: ahli sastra, tukang ngarang
  • Sarawèdi: tukang adol utawa nggosok barléyan inten
  • Sayang: tukang gawé barang saka tembaga
  • Sekater: tukang naksir rega ing gadhèn
  • Sinoman: nom-noman tukang ladèn
  • Srati: tukang ngrumat gajah
  • Sedagar: wong dagang gedhé
  • Supir: tukang nglakokaké montor
  • Tuwa buru: abdiné germa
  • Undhagi: tukang kayu