Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Tembung ing Basa Jawa/Basa Jawa seka ngendi

Tembung ing basa Indonésia diarani kata utawa word ing basa Inggris. Tembung iku swara lan campurané swara kang metu seka pocapan. Tembung uga nduwé teges gabungané aksara kang nduwé arti ing sawijining basa.


Para ahli basa naté gawé panalitèn yèn basa sing paling akèh éntuk pengaruh seka basa Sanskerta iku Jawa. Mula ora anèh yèn akèh tembung seka basa Sanskerta kang mlebu ing basa Jawa. Nalika Profesor P.J. Zoetmulder nyusun Kamus Kawi-Inggris kang kababar ing taun 1982, ana 25.500 tembung lan kurang luwih 12.500 dijupuk seka basa Sanskerta. Basa Kawi pancèn wis ora dienggo manèh ing padinan, nanging isih ana sawetara tembung kang isih digunaaké. Saliyané basa Sankerta, Basa Jawa uga éntuk tembung-tembung seka basa Arab, Melayu, lan Walanda. nanging aja lali, ana isih akèh basa Jawa kang asli tanpa ana cawé-cawé seka basa liya.

Coba panjenengan penggalih tembung pikir. Tembung iki seka fikr (Arab), yèn ing basa Jawa Kuna nggunaaké galih. Asmara seka "smara" (Sankerta). Isih akèh tuladha liyané kang bisa panjenengan golèki dhéwé.

Kaya ing basa liyané, tembung bisa kapérang dadi loro, yaiku tembung lingga lan tembung andhahan. Tembung lingga iku tembung kang dadi muasal sumberé. Tembung lingga nduwé teges kang bisa béda nalika diwénéhi ater-ater utawa panambang kang banjur dadi tembung andhahan (kata bentukan-basa Indonesia).

Tuladha:

  • katon (terlihat-basa Indonesia) dijupuk seka tembung lingga ton kang diwènèhi ater-ater ka-.
  • Sabanjure (seterusnya - basa Indonesia) digawé seka tembung lingga banjur kang diwènèhi ater-ater lan panambang sa- lan .

Saliyané tembung lingga lan andhahan, ana uga tembung-tembung kang kapérang manéh kang umumé kanggo éndahing sastra basa, ing pocapan lan tulisan. Tembung-tembung iku antara liya:

  • Tembung garba
  • Tembung saroja
  • Tembung éntar
  • Tembung camboran
  • Tembung rangkep

Tembung ora bisa ilang seka kahanan. Yèn wong tuwa ngendika, tembung kagunaaké empan papan. Ana pituduh kang bisa panjenengan ugemi nalika ngrakit ukara utawa gawé tembung.