Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Rakitan Ukara/Pepindhan

Pepindhan kuwi ngumpamakaké sawijining kahanan marang kahanan liyané (umumé rada mbangetaké).
Tuladha:

  • Abangé kaya godhong katirah
  • Aboté kaya watu
  • Atosé kaya wesi
  • Adhemé kaya ès
  • Alusé kaya bludru
  • Bédané kaya bumi langit
  • Begjané kaya ketiban ndaru
  • Dedegé ngringin sungsang
  • Jogèdé kaya merak kasimpir
  • Kopat kapita kaya ula tapak angin
  • Lunyuné kaya welut
  • Pinteré kaya njara langit