Wb/jv/Katulik

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Katulik

Katulik sabeneré tembung kang maknané "universal" utawa "sakabèhé" utawa "umum" (saka ajektiva Basa Yunani καθολικος (katholikos)) sing nggambaraké sifat gréja sing diadegaké déning Yésus Kristus. Sawisé Réformasi Protèstan istilah Katulik utawa 'Katulikisme tumuli sacara spésifik nunjuk marang gréja Katulik Roma kanggo mbédakaké klawan Kristen Protèstan sing diwiwiti déning aksi protès Martin Luther. Ing Indonésia, pamaréntah ngakoni agama Kristen Protèstan (Kristen) lan Kristen Katulik (Katulik) minangka agama sing kapisah senadyan kaloroné sabeneré arupa agama sing padha-padha pepusat marang Yésus Kristus, mila tembung Katulik asring dianggep ing sanjabaning/béda karo Kristen. Gréja Katulik Roma sing mimpin gréja Katulik ing saindhenging donya iku sawijining gréja Kristen sing awalé saka Yérusalèm lan sing ana ing panunggalan penuh karo kauskupan Romawi (panerus rasul Petrus, Paus sepisanan).

Dedonga edit

TANDA SALIB edit

Kunjuk ing asma dalem Hyang Rama

Saha Hyang Putra

Tuwin Hyang Roh Suci

Amin


KANJENG RAMA edit

Kanjeng Rama ing suwarga

Mugi asma Dalem kaluhurna

Kraton Dalem kawiyarna

Ing donya inggih kalampahana

Karsa Dalem kados ing suwarga.

Abdi Dalem sami nyadong paring Dalem rejeki kangge sapunika

Sakathahing lepat nyuwun pangapunten Dalem

Kados dene anggen kawula ugi ngapunten dateng sesami

Abdi Dalem nyuwun lepat saking panggoda

Saha tinebihna saking piawon.

Amin.


SEMBAH BEKTI edit

Sembah bekti kawula Dewi Mariah

Kekasihing Allah

Pangerang nunggil ing Panjenengan Dalem

Sami-sami wanita, Sang Dewi pinuji piyambak

Saha pinuji ugi wohing salira Dalem Sri Yesus

Dewi Mariah, ibuning Allah

Kawula tiyang dosa

Sami nyuwun pangestu Dalem

Sak mangke tuwin benjing dumugining pejah.

Amin.

KAWULA PITADOS edit

Kawula pitados ing Allah, Rama Sang Mahakuwasa, ingkang nitahaken bumi langit. Saha ing Gusti Yesus Kristus, Putra Dalem ontang-anting, Pangeran kawula. Ingkang miyos saking Ibu Kenya Maria, kagarba dening kuwasa Dalem Hyang Roh Suci. Ingkang nandhang sangsara nalika jamanipun Ponsius Pilatus, saha kapenthang, seda sarta kasarekaken. Tedhak dhateng papan pangentosan, tigang dintenipun wungu saking seda. Mekrad dhateng swarga, pinarak ing satengen Dalem Allah, Rama Sang Mahakuwasa. Saking ngriku badhe rawuh ngadili para tiyang gesang utawi pejah. Kawula pitados ing Hyang Roh Suci. Pasamuwan Katulik ingkang suci, lan panunggiling para Suci. Pangapuntening dosa. Tangining badan. Saha gesang langgeng. Amin.


MUGI LINUHURNA edit

Mugi linuhurna Hyang Rama, saha Hyang Putra, tuwin Hyang Roh Suci. Kados ing mulabuka, sapunika, sarta ing salami-laminipun.

PINUJIA edit

Pinujia Asma Dalem Sri Yesus, Dewi Maria lan Santo Yusup, Sak Menika sarta langgeng. Amin