Wb/jv/Kalèndher Jawa/Pawukon

< Wb‎ | jv‎ | Kalèndher Jawa
Wb > jv > Kalèndher Jawa > Pawukon

Wuku iku arane unit wektu sing ditata saka 30 peken. Sa-peken utawa minggu katata saka 7 dina. Dadi sataun wuku katata saka 210 dina. Pangitungan nganggo wuku utawa diarani pawukon digunakake ing Bali lan Jawa.

Sajane ide dhasar saka pangitungan miturut wuku iki yaiku patemonane rong dina ing sistem pancawara(pasar) lan saptawara(peken) sing dadi siji. Sistem pancawara utawa pasaran katata saka limang dina, lha banjur sistem saptawara kata saka pitung dina.

Ing sawuku, patemonane antara dina pasaran lan dina peken wis mesthi. Conthone dina Setu-Pon ana ing wuku Wugu. Miturut kaparcayan tradisional wong Bali lan Jawa, kabeh dina-dina iki nduwe arti dhewe-dhewe.

Daftar Wuku-Wuku edit

  1. Sinta
  2. Landhep
  3. Wukir, Ukir1
  4. Kurantil, Kulantir1
  5. Tolu, Tulu1
  6. Gumbreg
  7. Wariga alit, Wariga1
  8. Wariga agung, Warigadian1
  9. Julungwangi, Julungwangi1
  10. Sungsang

11. Galungan, Dungulan1
12. Kuningan
13.Langkir
14. Mandasiya, Medangsia1
15. Julungpujut, Pujut1
16. Pahang
17. Kuruwelut, Krulut1
18. Marakeh, Merakih1
19. Tambir
20. Medangkungan

21. Maktal
22. Wuye, Uye1
23. Manahil, Menail1
24. Prangbakat
25. Bala
26. Wugu. Ugu1
27. Wayang
28. Kulawu, Kelawu1
29. Dukut
30. Watugunung

1Jeneng alternatif, biasane sing dienggo ing Bali. Yen dideleng mung pasang aksarane (ejaan) sing rada beda.

Perabot Wuku edit

Perabot Wuku bisa dibédakaké dadi telung jinis, yakuwi:[1]

  • sing kagolong Penanggalan, yaiku perabot Wuku sing lumaku miturut tanggal.
  • sing kagolong Bincil,
  • sing asalé sala leluri.

Perabot Wuku sing kagolong Penanggalan edit

Perabot Wuku sing kagolong Penanggalan iku perabot Wuku sing lumaku miturut tanggal, yaiku: dina, pasaran, padéwan, paringkelan lan padangon.

  • Padewan, yaiku perabot Wuku sing dumadi saka wolung rupa, gunané kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané. Padéwan iku nduwèni nomer urut sing ora kena diowahi. Cara ngitungé diwiwiti saka urutan pisanan 'Bethari Sri' ing dina Ahad Paing Wuku Sinta nganti entèk nembé bali manèh saka wiwitan. Perlu diélingi yaiku nalika Wuku Galungan, Bathara Kala wiwit dina Senèn Pon, Selasa Wagé sacara terus terusan sajroning 3 dina, nembé genti Bathari Uma ing dina Rebo Kliwon. Katelu dina kasebut dijenengaké Dungulan utawa Dendan Kukudan. Urutan lan watek sarta mupangaté kaya daftar ing ngisor:
    • Bethari Sri, wateké: welas asih, mupangaté: nandur pari lan klapa.
    • Bathara Indra, wateké: teliti nanging angkuh, mupangaté: wiwit ajar kabèh èlmu.
    • Bathara Guru, wateké: mènèhi pacoban lan ganjaran, nanging "lelemeran", mupangaté: masang tumbal.
    • Bathara Yamadipati, wateké: pangertèn nanging kesèd, mupangaté: miwiti usaha dagang.
    • Bathara Rudra, wateké: berbudi lan bojakrama (loma bab panganan), mupangaté nderes, gawé sumur, wangan.
    • Bathara Brama, wateké: nrangasan lan ora srantan, mupangaté: miwiti babad alas lan sawah tegalan.
    • Bathara Kala, wateké: èlèk budiné, serakah, seneng ngapusi. mupangaté: gawé paugeran aturan lsp.
    • Bathari Uma, wateké: welas nanging jail, mupangaté: gawé pager lan wates.
  • Paringkelan, asal saka ringkel sing tegesé apes. Paringkelan ana enem yaiku: Tungle, Aryang, Wurukung, Paningron, Uwas, lan Mawulu.
    • Tunglé: tegesé apesé ing godhong, wateké: sanggup nanging ora diayahi, mupangat:gawé isin, larangan: aja nandur sing dijupuk godhongé kaya tembako, suruh, janganan lsp.
    • Aryang: tegesé apesé ing manungsa, wateké:kerep lali, mupangat: gawé sabangsa racun, warangan lsp, larangan: mantu, ngadegaké omah, pindhah omah, miwiti nandur.
    • Wurukung: tegesé apesé ing kéwan, wateké: léna, mupangat: kanggo ajag, larangan: negor alas.
    • Paningron: tegesé apesé ing manuk, wateké: takabur, mupangat: mikat uatawa luru manuk, larangan: gawé kurungan.
    • Uwas: tegesé apesé ing iwak loh, wateké: mélikan, mupangat: gawé piranti golèk iwak kaya jala, jaring, pancing lsp.
    • Mawulu: tegesé apesé ing wiji, wateké: kerep lara, mupangat: miwiti ngolah sawah, larangan: miwiti nandur winih.
  • Padangon, yaiku perabot Wuku sing dumadi saka sangang rupa kanggo meruhi watek manungsa lan kaperluan liyané.[2]
    • Dangu: tegesé watu, wateké: meneng, cublúk, abot, atos.
    • Jagur: tegesé macan, wateké: galak, awas, luwes, rosa.
    • Gigis: tegesé bumi, watêké : jembar, ngreksa, momot.
    • Kerangan: tegesé srengéngé, wateké: atos, titi, ajeg, ngawruhi ala lan becík, padhang.
    • Nohan: tegesé rembulan, wateké: bungah lan sengsem, asan, kena pitenah.
    • Wogan: tegesé uler, wateké : mugên, antêpan.
    • Tulus: tegesé banyu, wateké : temen, rosa, jembar, diérami, lembut pangarahé.
    • Wurung: tegesé geni, wateké : panasbaran ing sabarang karepé.
    • Dadi: tegesé kayu, wateké: luhur lumuh kaungkulan.

Perabot Wuku sing kagolong Bincil edit

  • Paarasan, ana 10 werna miturut gunggung neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara sepuluh lan sisané nuduhaké wateké wong kasebut. Yèn gunggung neptu 10 utawa kurang saka sepuluh, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau. Urutan Paarasan lan wateké:
    1. Aras Tuding lakuning sétan, wateké antara liya wanthèn, kerep kaanggo gawéné nanging seneng mélik (calimut).
    2. Aras Kembang lakuné jejodhon, wateké antara liya ora diéman nanging gampang antuk rasa asih saka wong liya sarta gampang mikir lan nyambut gawé.
    3. Lakuné Lintang, wateké antara liya meneng, andhap asor, sabar betah melèk, bisa dagang lan kawruh basa, nanging yèn duwé karep ora bisa dialang-alangi lan kerep pindhah omah.
    4. Lakuné Rembulan, wateké antara liya pinter samubarang gawéyan, wawasan jembar, cepet mukti nanging ora bisa sugih amarga sungkanan.
    5. Lakuné Srengéngé, wateké antara liya manis wicara, pangertèn, sering dialem, nanging yèn tukaran tansah kalah.
    6. Lakuné Banyu, wateké antara liya teguh budiné, sregeb, ramah kerep dadi pamimpin.
    7. Lakuné Bumi, wateké antara liya meneng, gampang nesu, ora duwé kanca lan bodho atiné welas asih.
    8. Lakuné Geni, wateké antara liya gampang nesu, dhengki.
    9. Aras Peksi Lakuné Angin, wateké antara liya meneng, seneng dialem.
    10. Aras Pepet Lakuné Pandhita Sekti, wateké antara liya meneng, landhep pikiré.

Tabel neptu miturut dina lan pasaran:


  • Pancasuda, ana 7 werna miturut gunggung neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara pitu lan sisané nuduhaké wateké wong kasebut. Yèn gunggung neptu 7 utawa kurang saka pitu, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.
    1. Wasésa Segara: wateké agung budiné, gampang mènèhi ngapura, bisa nampa omongan apik lan èlèk sarta gedhé wibawané.
    2. Tunggak Semi: wateké Ora pedhot rejekiné.
    3. Satria Wibawa: wateké tansah antuk kawibawan lan drajad.
    4. Sumur Sinaba: wateké dadi panggonan ngangsu kawruh.
    5. Satria Wirang: wateké kerep nanggung isin lan kena alangan.
    6. Bumi Kapetak: wateké atiné resik kudu sregeb nyambut gawé lan tirakat.
    7. Lebu katiup angin: wateké mlaratan, ora krasanan kerep pindhah, kerep ora kasembadan rencanané lan kerep ngalamun.

Tabel neptu Pancasuda:


  • Kamarokan, ana 6 werna miturut neptu dina lan pasarané. Cara ngétung: digunggung neptu dina lan pasaran dina kelairané banjur dipara enem lan sisané nuduhaké wateké wong kasebut. Yèn gunggung neptu 6 utawa kurang saka enem, wateké bisa dideleng saka angka gunggung neptu mau.
    1. Nuju Padu: wateké èlèk, kerep sulaya.
    2. Kala Tinantang: wateké èlèk, tansah kakurangan kerep lara lan gampang nesu.
    3. Sanggar Waringin: wateké apik, tentrem, antuk kabagjan lan rejeki, atiné tenang lan bisa dadi pelindhung kulawarga sarta seneng golèk kawruh.
    4. Mantri Sinaroja: wateké apik, kagayuh apa sing dikarepaké, uripé seneng ora kakurangan sandhang pangan lan akèh anaké.
    5. Macan Ketawan: wateké sedengan, disegani nanging uga diadohi lan kerep kélangan.
    6. Nuju Pati: wateké mampet rejekiné, susah uripé, yèn kanggo mantu cepet pisahan, kerep kena bilahi.

Perabot Wuku sing asalé saka leluri edit

  • Waler-sanger:
    • Sing asal saka pawukon antara liya: Taliwangké, Sampar wangké, Dungulan, Kala Dité, Kala mendhem, Anggara kasih, Bulan sunya, Tangisé Dewi Sinta, Jabung kala Wuku, Jaya bumi, Sarik agung lsp.
    • Sing ora asal saka pawukon antara liya: Bangas, Rebo wekasan, Dina tanpa tanggal lsp.

Wariga gemet edit

Wariga Gemet iku kasimpulan ala becikíng siji-sijiníng dina ing saubengan wuku. Cacahé ana 210 dina. Saben siji-sijiníng dina ing sajroné saubengan wuku duwé watak ala utawa becík (rahayu). Carané nemtokaké ala beciking dina nganggo nggabungaké kabèh watak-wataké prabot Pawukon lan Wetonan. Menawa bakal kanggo ngadani pakaryan gedhé kayadéné duwé gawé lan sapanunggalané perlu digatèkaké sirikan-sirikan kasebut ing ngisor iki

Dina penanggalan: Dinå pétungan 7 (Saptawara), kabèh dianggep becik ora ana síng disirík. Dina Pasaran (Pancawara), kabèh ora ana síng disirík. Dina Paringkêlan (Sadwara), síng disirík siji paringkelan yakuwi: Aryang.

Dina kang dudu penanggalan: Dina Padéwan (Astawara), síng disirík siji : padéwan Kala. Dina Padangon (Sangawara), síng disirík siji : padangon Wurung.

Praboté Pawukon Bincilan (pétung neptu): Pancasudå, ana 7 werna, kang disirík 3, yaiku: Satriyå Wirang, Bumi Kapetak, lan Lebu Katiyúb Angín. Rakam (kamarokan) , ana 6 werna, sing disirík 3, yaiku: Kala Tinantang, Demang Kandhuruwan, lan Nuju Pati. Paarasan, ana 10 werna, síng disirík 2, yaiku Aras Tudíng lan Aras Pepet.

Praboté Pawukon Leluri: Tali Wangké, ana 6 disirík kabèh. Sampar Wangké, ana 5 disirík kabèh. Sarik Agung, ana 4 disirík kabèh. Kala Dhité, ana 3 disirík kabèh. Dhendhan Kukudan, ana 3 urut-urutan disirík kabèh. Séngkan Turunan, ana 10 síng disirík 5, yaiku : Asu Ajag Tumurun, Sapi Gumarang Tumurun, Cèlèng Demalung Tumurun, Kuthilapas Sumengka, lan Srigati Sumengka.

Wariga Gemet lumrahé isíh diganepi nganggo waton-waton liyané nalikané golèk dina becik kanggo sawijiníng kaperluwan. Jalaran manut panemuné wong Jawa pancèn ana waton-waton síng kudu dienggoni tumrapíng sasi, tanggal, lan dina. Sasi :

  • Siji-sijiníng sasi iku ana sing dianggep becík kanggo keperluwan.
  • Siji-sijiníng sasi ana dina sing diarani “sangar” lan “larangan” sing perlu disirík.
  • Sasi kang ora ana dinané Anggara Kasíh (Selasa Kliwon) beciké disirík.

Tanggal:

  • Ana tanggal saben sadhéngah sasi síng dianggep ala kanggo kaperluwan.
  • Ana tanggal naas lan bangas síng perlu disirík.

Dina:

  • Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran wiwitaning taun beciké disirík.
  • Dina lan pasaran síng padha karo dina lan pasaran pungkasaníng taun beciké disirík.
  • Dina lan pasaran kang padha karo dina lan pasaran tanggal 3 Sura beciké disirík.

Cathetan: Panampané saben wong marang anané Wariga Gemet sing nengeri dina ala lan becík ora padha. Bisa percaya bisa ora. Ana síng nganggep kabèh dina becík ora perlu wedi menawa arep nindakaké apa waé.

Referensi edit

  1. Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon, H Djanudji, Dahara Prize,2006, ISBN 979-501-454-4
  2. Situs Ki Demang: Watake prabot Pawukon

Ugi Pirsani edit

Template:Wb/jv/Stub

Pranala njaba edit