Wb/jv/Kalèndher Jawa

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Kalèndher Jawa

Kalèndher Jawa kuwi diétung miturut saka peredharané rembulan, kaya kalèndher Hijriyah. Kalèndher liya ana sing dhasaré saka lakuné srengéngé. Miturut sajarah, sadurungé bangsa Hindhu teka ing Tanah Jawa, wong Jawa wis duwé kalèndher dhéwé kang diarani Pranata mangsa, kang dadi paugerané para among tani. Pranata mangsa iki adhedhasar perédharané rembulan (Komariah). Wiwitané pranata mangsa mung dumadi saka 10 mangsa, lan sawisé tanggal 10 April yakuwi pungkasané mangsa kasapuluh banjur nunggu mangsa pisanan (Kasa utawa Kartka) yakuwi ing tanggal 22 Juni. Mangsa nunggu mau kesuwèn saéngga ditetepaké mangsa ka sewelas (Destha utawa Padrawana)) lan karolas (Sadha utawa Asaji) saéngga genep dadi rolas sasi.

Kalèndher Saka diwiwiti tanggal 15 Maret taun 78 Masèhi. Taun Saka padha karo Taun Masèhi yakuwi didhasaraké saka perédharan srengéngé (Syamsiah). Kalèndher Saka uga mérang sataun dadi 12 sasi padha karo kalèndher Pranata mangsa lan kalèndher Masèhi. Wiwit dina Jemuwah Legi tanggal 1 Sura taun Alip 1555, trep karo tanggal 1 Muharam taun 1043 Hijriah utawa tanggal 8 Juli 1633, kalèndher Pranata Mangsa diowahi déning Sultan Agung lan dijumbuhaké karo kalèndher Hijriah (Kalèndher Islam).[1]

Dina ing kalèndher Jawa edit

Jeneng dina edit

Cacahing dina ing kalèndher Jawa (Saptawara) uga ana pitu kayadéné ing kalèndher Masèhi lan Kalèndher Hijriyah, mung pocapan lan cara panulisané waé kang rada béda, yakuwi Ngaat, Senèn, Selasa, Rebo, Kemis, Jemuwah lan Setu. Jroning petungan Jawa, saben dina nduwèni sipat utawa watek dhéwé-dhéwé. Dina Ngaat, wateké samudana, tegesé seneng imba-imba, dina Senèn wateké samuwa, tegesé kudu apik kabèh pakaryan, dina Selasa wateké sujana, tegesé sarwa ora percaya, dina Rebo wateké sembada, tegesé sarwa kuwat lan manteb, dina Kemis wateké surasa, tegesé seneng mikir jero, dina Jemuwah wateké suci, tegesé resik tingkahlakuné, déné dina Setu wateké kasumbung, tegesé seneng pamèr.

Arané dina ana ing kalèndher Jawa lan padhanané ing basa Jawa kuna, basa Indonésia lan basa Arab kaya kasebut ing tabel ngisor iki:

Dina mulya edit

Kabudayan Jawa ngurmati dina-dina kang dianggep mulya utawa wigati. Ing dina-dina iki sawetara masarakat Jawa isih mèngeti kanthi manembah marang Gusti kang gawé urip.[2]. Dina mulya cacahé ana lima, yakuwi:

  1. Siji Sura, minangka dina pisanan (taun anyar) ing kalèndher Jawa. Sawetara masarakat ngayahi panyucèn dhiri kanthi adus ing kali, sendhang, segara, utawa ing ngomah lan sawengi muput ora turu. Sawetara masarakat liyané nanggap lan nonton wayang kulit lan liyané ana uga kang ziarah menyang panggonan suci lan nglakoni tapabrata utawa mèdhitasi. Tanggal siji Sura uga wektu kang becik kanggo ngresiki pusaka, kaya keris, tumbak lsp.[3]
  2. Abogé, cekakan saka Alip (taun pisanan) - Rebo (Buda) - Wa (dina pungkasan ing pasaran). Ing dina Abogé iki dipercaya tumuruning "Wahyu Manuswa", ing ngendi manungsa wiwit duwé isin, béda karo kéwan.
  3. Daltugi, cekakan saka Dal (taun kalima: Dal) - Setu (tumpak) - Legi (dina pasaran kaloro). Ing dina Daltugi iki dipercaya tumuruning "Wahyu Suryaningrat" utawa "Wahyu Jalma", mèngeti ananing wong lanang.
  4. Hanggara Asih, yakuwi dina Selasa Kliwon, dipercaya tumuruning "Wahyu Cakraningrat" utawa "Wahyu Jatmika", kanggo nata donya.
  5. Jemuwah Legi (Sukra Manis) utawa Dina Purnama, kang tegesé pepak. Para wanita wiwit nglairaké jabang bayi.

Pasaran edit

Saliyané dina, ing kalèndher Jawa ana pétungan pasaran (pancawara) kang cacahé ana lima yakuwi Pahing, Pon, Wagé, Kliwon lan Legi. Miturut pétungan Jawa, saben dina pasaran duwé watek dhéwé-dhéwé, yakuwi Pahing wateké mélikan tegesé seneng marang barang kang katon, Pon wateké pamèr, tegesé seneng mamèraké kang didarbèni, Wagé wateké kedher utawa kaku atiné, Kliwon wateké micara yakuwi seneng nggubah basa, lan Legi wateké komat utawa sanggup nampa werna-werna kahanan. Kanggo cethané jeneng pasaran, makna lan parapé kagambaraké tabel ing ngisor iki:

Jeneng Wulan edit

Cacahing wulan ana ing kalèndher Jawa kuwi ana 12, nanging jeneng lan puterané ora padha karo kalèndher Masèhi, amarga diitung miturut perédharanné bulan. Yèn dipadhakaké karo kalèndher Masehi, saben tahun ana gèsèh watara 11 dina.

Umur saben sasi (wulan) ing kalèndher Jawa béda-béda, yakuwi ana kang umur 29 dina lan ana kang umur 30 dina . Klompok kasiji dumadi saka taun kapisan (Alip), katelu (Jimawal), kaenenm (Bé) lan kapitu (Wawu), klompok kaloro dumadi saka taun kaloro (Éhé), kapapat (Jé) lan kawolu (Jimakir), déné klompok katelu dumadi saka taun kalima (Dal). Kanggo luwih cethané pirsani tabel ing ngisor iki:

Cathetan: Tabel iki isi cacahing dina ing Kurup Arbangiyah (ABOGE) sing diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Alip 1747 windu Kuntara, wuku Kulawu nganti dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi. Kanggo cacahing dina saben sasi ing kurup liyané, pirsani Kurup

Jeneng Taun edit

Taun Jawa cacahé ana wolu lan ditata jroning siklus wolung taunan kang disebut windu. Siklus wolung taunan kang diarani windu iki ana patang golongan, yakuwi: windu Adi, windu Kuntara, windu Sengara lan windu Sancaya.

Ana sawetara ciri wigati jroning pranatan taun Jawa, yakuwi: Nguri-uri kabudayan asli Jawa kayadéné pawukon kanggo tandha pranatan wektu (klairan lan sapanunggalané), sarta Primbon lan pétungan Jawa liyané. Bisa nglestarèkaké kabudayan Hindhu kang sugih bab kasusastran lan seni lan atusan taun ngrenggani kabudayan Jawa, uga nyelaraské karo pétungan Arab kayadéné penanggalan Hijriyah kanggo nggampangaké mèngeti dina-dina riyaya lan ibadah Islam. Jeneng taun kang luwih spèsifik yakuwi yèn tanggal 1 Sura tiba ing dina Jemuwah, dijenengaké taun Sukraminangkara (taun urang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Setu, dijenengaké taun Tumpak-maenda (taun wedhus), wateké: sithik udan. Yèn tanggal 1 Sura tiba dina Ngaat, dijenengaké taun Ditekalaba (taun klabang), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Senèn, dijenengaké taun Somawertija (taun cacing), wateké: sithik udan. Yèn tiba dina Selasa, dijenengaké taun Anggarawrestija (taun kodok), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Rebo, dijenengaké taun Buda-wiseba (taun kebo), wateké: akèh udan. Yèn tiba dina Kemis, dijenengaké taun Respati-mituna (taun mimi), wateké: akèh udan.[4]

Jeneng lan umuré taun Jawa kaya kang kasebut ing ngisor iki:

  • Alip (Purwana), umuré 354 dina
  • Éhé (Karyana), umuré 355 dina (lawas), 354 dina (anyar)[5]
  • Jimawal (Anama), umuré 354 dina
  • (Lalana), umuré 354 dina (lawas), 355 dina (anyar)
  • Dal (Ngawanga), umuré 355 dina
  • (Pawaka), umuré 354 dina
  • Wawu (Wasana), umuré 354 dina
  • Jimakir (Swasana), umuré 355 dina

Kurup edit

Kurup kuwi wektu sing lawasé 120 taun. Saben satus rongpuluh taun genti kurup. Jeneng kurup antara liya:[6][7]

  • Kurup Jamingiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Jemuwah.
  • Kurup Kamsiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Kemis.
  • Kurup Arbangiyah utawa dikenali kanthi jeneng kurup ABOGE (Alip Rebo Wage). Kurup iki diwiwiti dina Rebo Wagé tanggal 1 Sura Taun Aip 1747 windu Kuntara , wuku Kulawu lan rampung ing dina Senèn Paing tanggal 29 Besar Taun Jimakir 1866 windu Sancaya, utawa tanggal 23 Maret 1936 Masehi.
  • Kurup Salasiyah Pon utawa dikenal kanthi jeneng kurup Asapon (Alip Selasa Pon) sing diwiwiti tanggal 1 Sura dina Selasa Pon taun Alip 1867 , Wuku Langkir, Windu Adi utawa tanggal 24 Maret 1936 nganti dina Ahad Legi tanggal 29 Besar taun 1986 Jimakir, Wuku Kulawu, Windu Sangara utawa tanggal 25 Agustus 2052 Masehi.
  • Kurup Isneniyah sing diwiwiti dina Senèn Pahing tanggal 1 Sura taun Alip 1987 wuku Kulawu utawa tanggal 26 Agustus 2052 Masehi, nganti dina Setu Kliwon tanggal 29 Besar taun Jimakir 2106 wuku Kuningan utawa tanggal 28 Januari 2169 Masehi.
  • Kurup Akadiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Ngaat.
  • Kurup Sabtiyah, yaiku kurup sing diwiwiti ing taun Alip sing tanggal 1 Sura pas dina Setu.

Referensi edit

  1. Upacara Pengantin Jawa, Dr. Purwadi, M.Hum. lan Dra. Enis Niken H., M.Hum, Penerbit Panji Pustaka Yogyakarta, 2007. ISBN 979-25-2725-9.
  2. Joglosemar:Javanese Calendar and its Significance to Mystical Life
  3. Ritual pèngetan Siji Sura ing sawetara panggonan
  4. Blog Semaransanta
  5. Umur anyar sawisé dijumbuhaké karo penanggalan Hijriah
  6. Penanggalan Jawa 120 Tahun Kurup Asapon déning H. Danudji, Dahara Prize, Edisi Pertama 2006, ISBN 979-501-454-4
  7. Sirus Ki Demang: Penanggalan Jawa

Deleng uga edit

Pranala njaba edit