Wb/jv/Jayabaya

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Jayabaya

ꦲꦶꦏꦶꦱꦶꦁꦢꦢꦶꦠꦤ꧀ꦢꦤꦺꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸ

Iki sing dadi tandane zaman kalabendu

1. ꦭꦶꦤ꧀ꦢꦸꦥꦶꦁꦥꦶꦠꦸꦱꦼꦢꦶꦤ

Lindu ping pitu sedina

2. ꦊꦩꦃꦊꦩꦃꦧꦼꦁꦏꦃ

Lemah Lemah bengkah

3. ꦩꦤꦸꦁꦱꦥꦠꦶꦁꦒꦭꦸꦫꦸꦃ꧈ꦲꦏꦺꦃꦏꦁꦤꦤ꧀ꦢꦁꦭꦫ

Manungsa pating galuruh, akeh kang nandang lara

4. ꦥꦒꦼꦧ꧀ꦭꦸꦏꦿꦲꦸꦥꦫꦸꦥ

Pagebluk rupa-rupa

5. ꦩꦸꦁꦱꦺꦛꦶꦛꦶꦏ꧀ꦱꦶꦁꦩꦫꦶ꧈ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦏꦺꦃꦲꦺꦥꦢꦩꦠꦶ

Mung setitik sing mari akeh-akehe pada mati

ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸ​ꦲꦶꦏꦸꦮꦶꦮꦶꦠꦾꦲꦺꦤ꧀

Zaman kalabendu iku wiwit yen,

1. ꦮꦶꦱ꧀ꦲꦤꦏꦿꦲꦺꦠꦩ꧀ꦭꦏꦸꦠꦤ꧀ꦥꦗꦫꦤ꧀

Wis ana kreta mlaku tanpa jaran

2. ꦠꦤꦃꦗꦮꦏꦭꦸꦁꦔꦤ꧀ꦮꦼꦱꦶ

Tanah jawa kalungan wesi

3. ꦥꦿꦲꦸꦩ꧀ꦭꦏꦸ​ꦲꦶꦁꦤ꧀ꦝꦸꦮꦸꦂ​ꦲꦮꦁ​ꦲꦮꦁ

Prau mlaku ing nduwur awang-awang

4. ꦏꦭꦶ​ꦲꦶꦭꦁꦏꦼꦢꦸꦁꦔꦺ

Kali ilang kedunge

5. ꦥꦱꦂ​ꦲꦶꦭꦁꦏꦸꦩꦤ꧀ꦢꦁꦔꦺ

Pasar ilang kumandange

6. ꦮꦺꦴꦁ​ꦤꦺꦩꦺꦴꦤꦶꦮꦺꦴꦭꦏ꧀ꦮꦭꦶꦏ꧀ꦏꦶꦁ​ꦗꦩꦤ꧀

Wong nemoni wolak-walik ing zaman

7. ꦗꦫꦤ꧀ꦢꦺꦴꦪꦤ꧀ꦱꦩ꧀ꦧꦼꦭ꧀

Jaran doyan sambel

8. ꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦩꦼꦔꦁꦒꦺꦴꦭꦤꦁ

Wong wadon menganggo lanang

ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸ​ꦲꦶꦏꦸꦏꦪꦏꦪꦗꦩꦤ꧀ꦏꦱꦸꦏ꧀ꦏꦤ꧀꧈ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦤꦶꦏ꧀ꦩꦠꦤ꧀ꦢꦺꦴꦚ꧈ꦤꦔꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦶꦏꦸꦱꦧꦼꦤꦼꦂꦫꦺꦗꦩꦤ꧀​ꦲꦗꦸꦂꦭꦤ꧀ꦧꦸꦧꦿꦃꦲꦶꦁꦢꦺꦴꦚ꧉

Zaman kalabendu iku koyo-koyo zaman kasukan, zaman kanikmatan donya, nanging zaman iku sabenere zaman ajur lan bubrahing donya.

1. ꦩꦸꦭꦤꦺ​ꦲꦏꦺꦃꦧꦥꦏ꧀ꦭꦭꦶ​ꦲꦤꦏ꧀

Mulane akeh bapak lali anak

2. ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦤꦏ꧀ꦮꦤꦶꦔꦭꦮꦤ꧀ꦲꦶꦧꦸ​ꦭꦤ꧀ꦤꦤ꧀ꦠꦁꦧꦥꦏ꧀

Akeh anak wani ngalawan ibu lan nantang bapak

3. ꦱꦺꦢꦸꦭꦸꦂ​ꦥꦢꦕꦶꦢꦿꦕꦶꦤꦶꦢꦿ

Sedulur pada cidro cinidro

4. ꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦶꦭꦁꦏꦮꦶꦫꦔꦤ꧀ꦤꦺ꧈ꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁ​ꦲꦶꦭꦁꦏꦥꦿꦮꦶꦫꦤꦺ

Wong wadon ilang kawirangane, wong lanang ilang kaprawirane

5. ꦲꦏꦺꦃ​ꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁ​ꦲꦺꦴꦫ​ꦢꦸꦮꦺꦧꦺꦴꦗꦺꦴ

Akeh wong lanang ora duwe bojo

6. ꦲꦏꦺꦃ​ꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦲꦺꦴꦫꦱꦼꦠꦶꦪꦏꦫꦺꦴꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦤꦺ

Akeh wong wadon ora setia karo bojone

7. ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦶꦧꦸꦥꦢꦁꦲꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦏꦺ

Akeh ibu pada ngedol anake

8. ꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦔꦼꦢꦺꦴꦭ꧀ꦲꦮꦏ꧀ꦏꦺ

Akeh wong wadon ngedol awake

9. ꦲꦏꦺꦃꦮꦺꦴꦁ​ꦲꦶꦗꦺꦴꦭ꧀ꦧꦺꦴꦗꦺꦴ

Akeh wong ijol bojo

10. ꦲꦏꦺꦃ​ꦲꦸꦢꦤ꧀ꦱꦭꦃꦩꦁꦱ

Akeh udan salah mangsa

11. ꦲꦏꦺꦃꦥꦿꦮꦤ꧀ꦠꦸꦮ

Akeh prawan tuwa

12. ꦲꦏꦺꦃꦫꦤ꧀ꦢ​ꦔꦭꦲꦶꦂꦫꦏꦺ​ꦲꦤꦏ꧀

Akeh randa ngalairake anak

13. ꦲꦏꦺꦃꦗꦧꦁꦧꦪꦶ​ꦔ꧀ꦒꦺꦴꦭꦺꦏ꧀ꦏꦶꦧꦥꦏ꧀ꦏꦺ

Akeh jabang bayi nggoleki bapake

14. ꦮꦺꦴꦁ​ꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦔ꧀ꦭꦩꦂꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁ

Wong wadon ngalamar wong lanang

15. ꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦔꦱꦺꦴꦂꦫꦏꦺꦢꦿꦗꦠ꧀ꦠꦺꦝꦺꦮꦺ

Wong lanang ngasorake drajate dewe

16. ꦲꦏꦺꦃꦧꦺꦴꦕꦃꦏꦺꦴꦮꦂ

Akeh bocah kowar

17. ꦫꦤ꧀ꦢꦩꦸꦫꦃꦉꦒꦤꦺ

Randa murah regane

18. ꦫꦤ꧀ꦢꦲꦗꦶꦤꦺꦩꦸꦁꦱꦏ꧀ꦱꦺꦤ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴ

Randa ajine mung sak sen loro

19. ꦥꦿꦮꦤ꧀ꦫꦺꦴꦁꦱꦺꦤ꧀ꦭꦺꦴꦫꦺꦴ

Prawan rong sen loro

20. ꦢꦸꦢꦥꦶꦚ꧀ꦕꦁꦥꦪꦸꦱꦔꦁꦮꦺꦴꦁ

Dudo pincang payu sangang wong

ꦗꦩꦤ꧀ꦤꦺꦗꦩꦤ꧀ꦲꦺꦢꦤ꧀

Zamane zaman edan

1. ꦮꦺꦴꦁꦮꦢꦺꦴꦤ꧀ꦤꦸꦁꦒꦁꦗꦫꦤ꧀

Wong wadon nunggang jaran

2. ꦮꦺꦴꦁꦭꦤꦁꦭꦸꦁꦒꦸꦃꦥ꧀ꦭꦺꦁꦏꦶ

Wong lanang lungguh plengki

3. ꦮꦺꦴꦁꦧꦼꦤꦼꦂꦠꦼꦒꦼꦂꦠꦼꦒꦼꦂ

Wong bener tenger-tenger

4. ꦮꦺꦴꦁꦱꦭꦃꦧꦸꦔꦃꦧꦸꦔꦃ

Wong salah bungah-bungah

5. ꦮꦺꦴꦁ​ꦲꦥꦶꦏ꧀ꦢꦶꦠꦩ꧀ꦥꦶꦏ꧀ꦠꦩ꧀ꦥꦶꦏ꧀

Wong apik ditampik-tampik

6. ꦮꦺꦴꦁꦧꦼꦗꦠ꧀ꦩꦸꦁꦒꦃꦥꦁꦏꦠ꧀

Wong bejat munggah pangkat

7. ꦲꦏꦺꦃꦤ꧀ꦢꦤ꧀ꦝꦁꦢꦶꦲꦸꦤꦺꦏ꧀ꦏꦏꦺꦏꦺꦴꦤ꧀ꦠꦺꦴꦭ꧀

Akeh ndandhang diunekake kuntul

8. ꦮꦺꦴꦁꦱꦭꦃꦢꦶ​ꦲꦁꦒꦼꦥ꧀ꦧꦼꦤꦼꦂ

Wong salah dianggap bener

9. ꦮꦺꦴꦁꦭꦸꦒꦸꦏꦼꦧ꧀ꦊꦁꦒꦸ

Wong lugu kebelenggu

10. ꦮꦺꦴꦁꦩꦸꦭꦾꦢꦶꦏꦸꦚ꧀ꦗꦫ

Wong mulya dikunjara

11. ꦱꦶꦁꦕꦸꦭꦶꦏ꧀ꦏꦩꦸꦭꦾ꧈ꦱꦶꦁꦗꦸꦗꦸꦂꦏꦺꦴꦗꦸꦂ

Sing culika mulya, sing jujur kojur

12. ꦥꦫꦭꦏꦸꦢꦒꦁ​ꦲꦏꦺꦃꦱꦶꦁꦏꦼꦥ꧀ꦭꦁꦒꦿꦁ

Para laku dagang akeh sing keplanggrang

13. ꦮꦺꦴꦁꦩ​ꦲꦶꦤ꧀ꦲꦏꦺꦃꦱꦶꦁꦤ꧀ꦢꦢꦶ

Wong main akeh sing ndadi

14. ꦭꦶꦤꦏ꧀ꦭꦶꦗꦺꦴꦭꦶꦁꦒꦭꦶꦕ꧈ꦭꦭꦶꦲꦤꦏ꧀ꦭꦭꦶꦧꦺꦴꦗꦺꦴ꧈ꦭꦭꦶꦠꦁꦒꦭꦭꦶꦏꦚ꧀ꦕ

Linak lijo lingga lica, lali anak lali bojo, lali tangga lali kanca

15. ꦢꦸꦮꦶꦠ꧀ꦭꦤ꧀ꦏꦿꦶꦔꦼꦠ꧀ꦩꦸꦁꦢꦢꦶꦮꦺꦴꦭꦏ꧀ꦮꦭꦶꦏ꧀ꦏꦼꦂꦠꦸ

Duwit lan kringet mung dadi wolak-walik kertu

16. ꦏꦼꦂꦠꦸꦒꦼꦢꦺꦢꦶꦧꦸꦏꦏ꧀ꦏꦺ꧈ꦔ꧀ꦒꦸꦪꦸꦥꦠꦶꦁꦕꦼꦏꦏꦏ꧀

Kertu gede dibukake, ngguyu pating cekakak

17. ꦤꦶꦁꦩꦸꦭꦶꦃꦩ​ꦲꦶꦤ꧀ꦏꦤ꧀ꦠꦺꦴꦁꦔꦺꦏꦼꦩ꧀ꦥꦺꦱ꧀

Ning mulih main kantonge kempes

18. ꦏꦿꦲꦸꦔꦸꦧꦺꦴꦗꦺꦴꦭꦤ꧀ꦲꦤꦏ꧀ꦤꦔꦶꦱ꧀ꦲꦺꦴꦫ​ꦢꦶꦂꦲꦼꦮꦼꦱ꧀

Krungu bojo lan anak nangis ora di rewes

ꦲꦧꦺꦴꦠ꧀ꦠꦺꦏꦪꦔꦥꦱꦧꦶꦱꦧꦶꦱꦤꦺ​ꦲꦗꦔꦤ꧀ꦠꦶꦮꦺꦴꦁꦏꦼꦭꦸꦠ꧀꧈ꦏꦺꦭꦶꦂꦫꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦏꦭꦧꦼꦤ꧀ꦢꦸ​ꦲꦶꦏꦸ

Abote kaya ngapa sabisa-bisane aja nganti wong kelut, keliring zaman kalabendu iku.

ꦲꦩꦂꦒꦗꦩꦤ꧀​ꦲꦶꦏꦸꦧꦏꦭ꧀ꦱꦶꦂꦤꦭꦤ꧀ꦒꦤ꧀ꦠꦶꦤꦺꦪ​ꦲꦶꦏꦸꦗꦩꦤ꧀ꦫꦠꦸꦲꦢꦶꦭ꧀꧈ꦗꦩꦤ꧀ꦏꦩꦸꦭꦾꦤ꧀꧈ ꦩꦸꦭꦱꦶꦁꦠꦠꦒ꧀꧈ꦱꦶꦁꦠꦧꦃ꧈ꦱꦶꦁꦏꦸꦏꦸꦃ꧈ꦗꦏꦼꦥꦿꦤꦤ꧀ꦲꦺꦴꦩ꧀ꦧꦾꦏ꧀ꦲꦶꦁꦗꦩꦤ꧀ꦲꦼꦤ꧀ꦠꦺꦤ꧀ꦤꦤꦗꦩꦤ꧀ꦤꦺꦏꦩꦸꦭꦾꦚ꧀ꦗꦩꦤ꧀ꦤꦶꦁꦫꦠꦸ​ꦲꦢꦶꦭ꧀

Amarga zaman iku bakal sirna lan gantine joiku zaman ratu adil, zaman kamulyan. Mula sing tatag, sing tabah, sing kukuh, jo kepranan ombyak ing zaman Entenana zamane kamulyan zamaning ratu adil

Sumber edit