Wb/jv/Dolanan/Dolanan nganggo tembang/Cublak-Cublak Suweng

Wb > jv > Dolanan > Dolanan nganggo tembang > Cublak-Cublak Suweng

Dolanan iki prasaja waé. Ana bocah sing diukum kanthi posisi awak kaya wong mbrangkang (nanging mandheg). Dadi, tumpuané nganggo sikut karo dhengkul. Déné, bocah-bocah liyané (udakara wong 4) nèmpèlaké tangané ing geger bocah sing dadi kuwi. Sinambi nembang, ana watu cilik sing diubengaké ing antarané tangan-tangan kuwi. Nalika tembangé mandheg, bocah sing dadi kudu bisa mbadhé sapa sing nyekel watu (ing kéné watu dianggep suweng). Yèn bener, bocah sing nyekel watu kuwi sing gentènan dadi mengkurep.

Tembangé:

Cublak-cublak suweng
suwenge ting gelèntèr
mambu ketundhung gudèl
pak hempong léra-léré
sapa ngguyu dhelikaké
sir sir pong dhelé kopong
sir sir pong dhelé kopong

Ing béda panggonan, ana ukara/tembung kang béda:

  • mambu ketundhung gudèl = nganggo kepudhung solek
  • gelèntèr = gelètèk
  • hempong = gembong
  • léra-léré = lirak-lirik
  • kopong = bodong/gosong