Wb/jv/Budha

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Budha

Buda utawi Buddha saking Basa Sansekreta, tegesipun Ingkang Wungu, Ingkang Sampun Dugi Ing Papadhang Estu. Tembung punika dipundhut saking tembung Sansekreta: "Budh", kanggé mangertèni). Tembung punika uga gelar ingkang dipuncaosaken marang titiyang ingkang sampun sadar mangembangaken potènsi pribadhinipun piyambak kaliyan ingkang sampun berkembang kasadaripun. Ing panggina kala samangké, tembung punika asring ngarujuk ing Siddhartha Gautama, guru agami lan ingkang ngyasa ngadhegaken Agami Buddha (ugi dipunanggep "Buddha kangge kala samangké"). Ing panggina ing sanès, tegesipun tuladha kanggé manungsa ingkang dipunparingi kasadaran.

Sekilas edit

Agami Buddha miyos ing nagari India, utawi langkung leres ing tlatah Nepal samangké. Agami punika miyos arupa satunggilipun reaksi marang agami Brahmanisme. Ploporipun Siddhartha Gautama ingkang sami dipuntepangi kados Gautama Buddha déning para pandhèrèkipun. Ajaran agami Buddha ngantos dumugi ing nagari Tiongkok ing taun 399. Ingkang ngasta inggih satunggiling bhiksu ingkang asmanipun Fa Hsien. Masarakat Cinten ugi angsal pangaruh saking Tibet ingkang sampun dipunmodhifikasi marang tradhisi lokal.

Ing tanah Jawi, agami punika ugi sampun wonten ing abad kaping 5. Candhi Barabudhur ingkang langkung saé ing rat punika, yasanipun para ratu saking wangsa Sailendra ingkang memengkoni praja ing Jawi Tengah ing sakiwa tengenipun abad kaping 8.

Para panganut Buddha mboten manganggep menawi Siddhartha Gautama punika sang hyang Buddha ingkang kaping pisan punapa ingkang pungkasan. Dipuntingali mawi teknis, Buddha, punika satunggiling tiyang ingkang sampun kapanggih ing Dharma (ingkang kagungan kersa: Kaleresan; prakawis saèstunipun, akal budi, kasulitan kawontenaning manungsa, kaliyan marga ingkang leres manuju ing kamardika (jiwa) mawi Kasadaran, ingkang dhateng salepasing karma ingkang saé (tujuan) dipunlestarekaken saimbang kalihan sadaya tingkah laku ingkang awon dipuntilar.

Anggènipun manekani nirwana (basa Pali: nibbana) punika sami kemawon ing tiga jinising Buddha, namung Samma-Sambuddha langkung nggatèkaken ing kwalitas kaliyan usaha tinimbang kalih Buddha sanèsipun. Tigang golongan Buddha punika inggih:

  • Samma-Sambuddha ingkang angsal Kasadaran paripurna tanpa guru, namung dening usahanipun piyambak.
  • Pacceka-Buddha utawi Pratyeka-Buddha ingkang mèmper Samma-Sambuddha, anging mesthi mèndhel kaliyan nyinggahaken pangolèhaning Dharma piyambak.
  • Savaka-Buddha ingkang awujud Arahant (siswa kasadaran), anging saged angsal tahap Kasadaran mawi mirengaken ing Dharma.

Saben aliran Buddha adhedhasar ing Tripitaka ingkang dados rujukan utami amargi salebetipun wonten sabda kaliyan ajaran sang hyang Buddha Gautama. Tiyang-tiyang ingkat manut ing ajaran punika nyathet kaliyan ndamel klasifikasi ajaranipun ing tigang buku inggih punika Sutta Pitaka (buku ajaran), Vinaya Pitaka (buku undhang-undhang para bhiksu kaliyan rahib) kaliyan Abhidhamma Pitaka (buku hukum metafisika).

Konsep Ketuhanan utawi Gusti Allah edit

Ing ajaran Buddha, hyang Buddha punika sajatinipun sanès Tuhan atawi Gusti Allah. Konsep Gusti Allah ing agami Buddha punika bènten kaliyan konsep ing agami Monoteisme, ing rika jagatraya dipun ciptakaken ing Gusti Allah kaliyan paraning tiyang gesang punika wangsul ing arsanipun sampéyan dalem sang hyang Gusti.

Ing agami Buddha, paranipun tiyang gesang punika inggih saged dhateng ing kabuddhan (anuttara samyak sambodhi) utawi papadhang sejati ing pundi jiwa manungsa mboten lair manitis malih tumimbalahir sanès kalian (reinkarnasi). Punika sedaya inggih miturut karmanipun sowang-sowang. Mboten wonten déwa-dèwi ingkang saged maringi pitulung, namung usahanipun piyambak ingkang saged mbekta ing Nirwana. Sang hyang Buddha namun tuladha kémawon, juru pandu, kaliyan guru kanggé sedaya jalma ingkang kedhah manglangkungi marginipun piyambak-piyambak kaliyan ningali kaleresan kaliyan realitas sejati.

Aliran Buddha edit

Wonten sawetawis aliran ing agami Buddha:

  1. Buddha Theravada
  2. Buddha Mahayana
  3. Buddha Vajrayana
  4. Zen

Waisak edit

Para panganut agami Buddha ngriyayakaken Dinten Waisak ingkang sajatinipun gabungan pèngetan tigang paristiwa:

  • Wiyosanipun sampéyan dalem Gusti Pangeran Siddharta (asmanipun sadhèrèngipun dados Buddha)
  • Dinten angsalipun papadhang Sampurna kagem sang atapa Gautama
  • Dinten sang hyang Buddha mangkat angsal manuju ing Nibbana/Nirwana.

Griya ngibadahipun tiyang Buddha dipunarani wihara. Ananging griya ngibadahipun tiyang Cinten dipunarani klenthèng.