Wb/jv/Bathik

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Bathik

Bathik iku kasil kerajinan tekstil sing migunakaké malam (lilin) lan canthing kanggo mènèhi motif utawa gambar. Batik wis suwé ana kurang luwih wiwit 2000 tahun kapungkur. Asal tembung Bathik yaiku Ambathik (basa Jawa) sing maknane: nggambar utawa nulis. Werna-werna utama batik Jawa yaiku werna biru nila lan soklat. Celupan biru lan coklat sing digabung kain putih iku dadi perlambang 3 dewa Hindu (Siwa, Wisnu, lan Brahma).

Jinis bathik Jawa edit

Batik sajabaning pulo Jawa edit

  • Batik Madura
  • Batik Jambi


Disain bathik tradhisional edit

Disain bathik tradhisional kang misuwur antara liya:

  • Ceplok
  • Kawung
  • Lèrèng
  • Parang
    • Parang klithik
    • Parang Rusak
    • Parang Garuda
  • Satria wibawa
  • Sidadadi
  • Sidamukti
  • Sidamulya
  • Tambal
  • Tikel asmarandana
  • Truntum

Bathik modhèrn edit

Disain bathik modhèrn antara liya:

  • Cendrawasih
  • Sandhang pangan
  • Sruni
  • Urang

Piranti edit

Prosès panggawéné edit

Bathik Tulis edit

Ana limang langkah utama jroning proses panggawéné bathik yakuwi: mènèhi warna dhasar, masang malam miturut disain lan nglunturaké malam saka kain.

  • Bahan mori utawa kain putih kang arep dibathik bisa diwènèhi warna dhasar miturut selèra sadurungé dilukis nganggo malam.
  • Proses nglukis nganggo malam iki bisa nganggo canthing tumrap bathik tulis, utawa nganggo cap kanggoné bathik cap-capan.
  • Sawisé diwènèhi malam, batik dicelup jroning wadhah cairan kanggo diwarnani. Proses nglukis lan mènèhi warna iki bisa dibalèni kanggo mènèhi warna liya.
  • Sawisé rampung, malam banjur dilunturaké kanthi digodhok. Prosès iki diayahi kaping pindho, lan sing kapindho ditambahi soda awu supaya wernané ora gampang luntur.
  • Sawisé kuwi bathik banjur direndhem banyu adhem lan dipépé.

Bathik Cap edit

Prosès panggawéné bathik cap sakbeneré uga ora béda saka bathik tulis, mung cara panggambaran pola ora nganggo canthing nanging nganggo cap, dadi luwih gelis lan seragam. Cap kang dianggo kuwi arupa sawijining piranti awujud stèmpel gedhé kang wis digambar pola bathik. Umumé pola cap iki digawé saka bahan dhasar tembaga, nanging ana uga kang saka bahan wesi. Saka jenis produksi batik cap iki, pambatik bisa irit tenaga lan wektu, amarga ora perlu nggambar pola utawa disain ing sadhuwuring kain.

Ana uga piranti cap kang digawé saka kayu. Cap kang digawé saka kayu iki luwih ekonomis lan luwih gampang panggawéné. Pola diukir ing kayu lan diwangun dadi stèmpel padha karo sing saka bahan tembaga. Batik kang digawé saka cap kayu iki bisa dibédakaké karo cap tembaga awit kayu ora pati nglantaraké panas kaya tembaga, saéngga malam (lilin) kang nèmpèl ing kayu mau ya luwih tipis, lan kasil pangecapané kang nduwèni kekhasan, biasané ana warna kang ngresep ing bahan dhasar batik amarga lilin kang nèmpèl mung tipis, banjur katon gradhasi warna ing pola antara pinggir motif lan tengahé.

Wacan edit

Pranala njaba edit