Wb/jv/Resèp/Saté/Saté Blora

< Wb‎ | jv‎ | Resèp‎ | Saté
Wb > jv > Resèp > Saté > Saté Blora

Saté Blora kuwi jenisé uga werna-werna, ana saté daging sapi (jagal), daging pitik lan daging wedhus. Nanging kang misuwur kuwi saté daging pitiké amarga empuk tur wangi.

Resèp Bumbu Kacang edit

Sak kilogram kacang brol digoreng, 15 bj bawang putih, 7 bj brambang, 10 bj kencur, 15 bj kemiri sangrai, 2 ons lombok abang Bumbu-bumbu iki di gongso dhisik, kacang karo bumbu di selèp alus, biasané dibalèni nganti ping telu dadi bumbuné bisa alus. Yèn kanggo saté jagal (daging sapi), selèpé cukup ping pindho waé). Banjur tambah uyah, gula, msg sacukupé lan godhong jeruk, banjur dicampur karo banyu santen saka 1,5 butir kelapa. (bisa dadi 2 liter santen). Kabèh bahan dicampur, terus dimasak nganti umob. Banjur cilikké geniné, digodhok nganti metu lengané sing abang (di udhek-udhek terus).

Bumbu saté (kanggo mbakar) edit

Bawang putih, jinten, tumbar, kunyit bakar, garam gula, godhong jeruk (dialusaké), banjur diolèské menyang saténé.

Kuah edit

Nganggo bumbu opor tanpa daun serèh, santené èncèr waé.

Cara panggawéné edit

Saté : Kulit & jeroan ati digodhok dhisik, daging, sempol, dhadha menthok dialupi banyu anget. banjur di iris tipis tipis lan disunduki. Siji pitik isa dadi +/- 100 sunduk. Sawisé kuwi daging sing wis disunduki banjur dibakar nganggo areng.