Wb/jv/Paugeran nulis Aksara Jawa

< Wb‎ | jv
Wb > jv > Paugeran nulis Aksara Jawa

Isi

Atur Pambuka edit

Basa Jawa iku wis èwonan taun ditulis mawa Aksara Jawa utawa uga diarani Hanacaraka. Panulisan basa Jawa mawa aksara Hanacaraka iki diwiwiti saka taun 804 Masèhi nganti dijabel déning Tentara Dai Nippon ing taun 1942. Kala iku basa Jawa ora olèh ditulis mawa aksara Hanacaraka. Sawisé Tentara Dai Nippon lunga saka Tanah Jawa, aksara Jawa olèh dienggo manèh. Nanging saiki ora namung aksara Jawa, nanging uga basa Jawa dhéwé kakikis déning basa Indonesia, sawisé Republik Indonesia diproklamasèkaké ing taun 1945. Nanging aksara Jawa isih dienggo sakala-kala lan isih dadi pelajaran wajib ing sekolah-sekolah ing Tanah Jawa nganti ing tekaning panulisan buku iki (2008).

Senadyan aksara Latin saiki luwih akèh dipigunakaké tinimbang aksara Jawa, kawruh ing aksara Jawa iku isih diperlokaké banget, utamané yèn kudu maca naskah-naskah lan buku-buku lawas. Naskah lan buku lawas iki cacahé akèh banget nganti èwonan. Saliyané iku aksara Jawa uga dienggo nulis basa-basa liyané ing Nuswantara, kaya ta basa Bali, basa Madura, basa Sundha, basa Sasak lan basa Melayu.

Banjur yèn wis bisa baud ing aksara Jawa, yèn arep sinau aksara kerabat liyané saka India dadi luwih gampang.

Pustaka Wiki iki nduwé tujuan nyoba nyedyakaké sawijining buku pangajaran cara nulis basa Jawa mawa Hanacaraka.

Daftar pustaka edit

  • (jv) Dharmabrata, 1939, Lajang Hanatjaraka. Groningen, Batavia: Wolters
  • (nl) W. van der Molen, 1993, Javaans Schrift. Leiden: Vakgroep Talen en Culturen van Zuidoost-Azië en Oceanië
  • (jv) W.J.S. Poerwadarminta, 1953, Sarining Paramasastra Djawa. Djakarta: Noordhoff-Kolff