Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Rakitan Ukara/Wangsalan

Wangsalan kuwi tetembungan ing ukara sing disamun kayadéné cangkriman utawa batangané kasebut ing ukara candhaké mung dicangking wandané baé.[1] Wangsalan bisa dipérang telu yakuwi: wangsalan sajroning pacelathon, wangsalan èdi pèni lan wangsalan awujud tembang.

Wangsalan jroning pacelathon edit

  • Njanur gunung, kadingarèn dolan mréné? (janur gunung = arèn)
  • Ngrokok cendhak, bocah cilik ora kena neges-neges (rokok cendhak = tegesan)
  • Jenang gula, aja lali (jenang gula = glali)
  • Nggodhong garing, ésuk-ésuk kok wis nglaras (godhong garing = klaras)
  • Balung klapa, éthok-éthok ora ngerti (balung klapa = bathok)
  • Balung geni, mbokmenawa aku ora bisa teka (balung geni = mawa)
  • Balung janur, sida lunga apa ora? (balung janur = sada)
  • Balung pakèl, aja seneng alok-alok (balung pakèl = pelok)
  • Jangan gori, nganti judheg anggonku mikir (jangan gori = gudheg)

Wangsalan èdi pèni edit

  • Carang wreksa, wreksa wilis tanpa patra. Ora gampang wong urip ing alam donya. (carang wreksa = pang, wreksa wilis tanpa patra = wit kayu urip)
  • Kolik priya, wanara Anjani putra. Tuhu éman, wong anom wedi kangèlan (kolik priya = tuhu, Anjani putra = Anoman)

Wangsalan awujud tembang edit

  • Kinanthi linging pitutur, kenthang rambat menyan putih, awasna dipun pratèla. Nolèha wiranging wuri, cecangkok wohing kalapa, kang dadi pathoking urip.
- kenthang rambat = tèla
- menyan putih = wlirang
- cecongkak wohing kalapa = bathok

Referensi edit

  1. Kamus Basa Jawa (Bausastra Jawa) anggitan Tim Penyusun Balai Bahasa Yogyakarta

Sumber edit

  • Kawruh Basa Jawa Pepak anggitan Daryanto S.S.