Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Rakitan Ukara/Parikan

Parikan kuwi sesindhènan utawa tetembungan mung rong ukara nganggo purwakanthi swara utawa wangsalan. Ana uga parikan kang dumadi saka patang ukara.

Tuladha Parikan rong ukara edit

Ana brambang sasèn lima,
Berjuang labuh negara
Bisa ngendhang ra bisa nyuling,
Bisa nyawang ra bisa nyandhing
Jambu apa jeruk,
Aku mèlu apa éntuk
Jemèk-jemèk gula jawa,
Aja sok ngenyèk karo kanca
Kutha Kendhal Kaliwungu,
Ajar kenal karo aku
Manuk emprit nucuk pari,
Dadi murid sing taberi
Wédang bubuk, gula jawa.
Yèn kepethuk ati lega.
Sepet sepet, sawone mentah.
Diempet empet selak ora betah.
Wajik klethik gula abang.
Aja suthik, yèn tumandang
Godhong kecipir, mrambat kawat.
Najan ora mampir, nanging liwat.
Kembang jagung, dipethik Cina.
Barang wis kadhung dikapakna.
Manuk emprit, ménclok godhong tebu.
Dadi murid, sing sregep sinau.
Manuk kutut, manggung ngganter.
Yèn ra nurut, bisa keblinger.

Tuladha Parikan patang ukara edit

Tuku jarit nang Pasar Turi
murah regané maremaké ati
Dadi murid kudu ngajèni
marang guru aja sok wani
Lunga Bengkulu tuku perkutut
sing ngati-ati dalané gawat
Dhawuhé guru kudu diturut
supaya ngèlmuné bisa manfaat
Lunga ngarit nang kulon kali
sangua senik wadhahé sega
Dadi murid kudu ngulina
tumindak becik laku utama
Ungsum tikus kudu diracun
cara gropyokan kudu disengkut
Karo kancané kudu sing rukun
aja tukaran drengki lan kasud (main)

(An.Hamin Ms. kapacak ing Parikesit No.80. Juli 1974).

Abang-abang gendéra Landa,
ana sing ijo kok milih putih
Baujang manèh ora ngluyura,
sing duwé bojo ra tau mulih
Bibi Surip tuku klobot,
pethuk encik tawa roti
Uwong urip pancèn abot,
mula becik ngati-ati
Ésuk nakir, soré nakir,
sing ditakir godhong plasa
Ésuk mikir soré mikir,
Sing dipikir ora rumangsa
Yèn kembang kembangé kacang,
dudu kembange puspa nyidra.
Sih cilik dikudang-kudang,
bareng gedhe gawe rekåsa.
Yèn kembang kembangé lamtara,
dudu kembang wora-wari.
Mumpung sira isih mudha,
sing taberi ngati-ati
Ésuk nyuling sore nyuling,
sulingé arèk Surabaya.
Ésuk eling sore eling,
sing diéling ora rumangsa.
Awan-awan aja keluyuran,
ana pak mantri numpak sekuter.
Kapan-kapan aku keturutan,
duwe kanca sinauné pinter.
Ésuk nembang soré nembang,
tembangané asmaradana.
Ésuk ngadhang soré ngadhang,
sing diadhang ra teka-teka