Wb/jv/Kawruh Basa Jawa/Rakitan Ukara/Paribasan

==b ==¥

  • Adang adang tètèsé embun , tegesé : nunggu barang kang durung mesti.
  • Adigang, adigung, adiguna , tegesé : Ngandelaké kakuwatané, kaluhurané, lan kapinterané.
  • Agama ageming dhiri , tegesé :
  • Aja dumeh , tegesé :aja mentang-mentang
  • Aja golèk wah, mengko dadi owah , tegesé :aja golek alem wong liyo, mengko mundhak susah
  • Aji godhong garing , tegesé : ora ono regane
  • Ajining dhiri dumunung ana ing lathi, ajining raga ana ing busana , tegesé :ajining diri ana ing pangandikane, ajining raga ana ing apa sing diagem
  • Alon-alon waton kelakon , tegesé : ora perlu kesusu oleh nandangi penggawean, supaya asil e apik
  • Ambeg parama arta , tegesé : nguripi sakebehe sing cilik tekan sing gede
  • Ana catur mungkur , tegesé :menghindari wicoro elek
  • Ana dhaulaté ora ana begjané , tegesé : pakarya sing ditindakake ora ana asil e
  • Anak polah bapak kepradah , tegesé :anak sing tumindak elek, wong tua ugi katut elek
  • Angon mangsa , tegesé :ngerti wayah/wektu
  • Angon ulat ngumbar tangan , tegesé :
  • Asu belang kalungan wang , tegesé :
  • Asu gedhé menang kerahé , tegesé :wong sing luwih kuwoso sing luwih menang
  • Asu marani gebug , tegesé :marani bebayan
  • Asu rebutan balung , tegesé :rebutan kang ora ana manfaate
  • Ati bengkong oleh oncong , tegesé :
  • Ancik-ancik pucuking eri, tegese : urip ning nduwuring bebayan sing siap ngancam ..